Kamis, 13 Desember 2012

budaya jawa


Pangkur

Mingkar- mingkuringangkara
Akaranakarenanmardisiwi
Sinawungresminingkidung
Sinubasinukarta
Mrihketatapakrtiningngelmuluhung
Kang tumrapnengtanahjawa
Agama agamingaji

(wendhatama,KGPAAMangkunagara IV)

GAMBUH

Sekargambuh ping catur
Kang cinaturpolahkangkalantur
Tanpatuturkatula-katulakatali
Kaduluwarsakaptuh
Katutuh pan dadiawon.


TembangPucung

Ngelmuikukalokanekanthilaku
Lekasselawankas,
Tegesekasnyantosani,
Setyabudyapangekesedur
Langkara

Paramasastra

Ukara didhapuk saka tembung. Tembung dumadi saka wanda, lan wanda dumadi saka aksara.

UKARA < TEMBUNG < WANDA < AKSARA

    Pamilahe tembung
Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedhasar tembung linggane
( menawa tembung andhahan )
Tuladha :
1.      Gambar                = gam-bar
2.      Gambaran            = gam-bar-an
3.      Keturon                = ke-tu-ru-an
Miturut jenis tembung jawa ana 2 :

1.      Tembung Lingga
Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. Tembungg lingga sing unine mung sakecapan diarani tembung wod.
Tuladha tembung lingga :
            Adus, babar, kursi,tuku, turu, tandur ,lan sak panuggalipun
( 2 Waanda )
            Garudha, gamelan,segara  ( 3 wanda )
Tuladha tembung wod :
            Gas, bak, rak, sak, lur, tul, tik,lsp.



TATACARA MANTU
                                                                                          
Tata cara utawa adat yaiku paugeran-paugeran kang dadi pondom uriping manungso ing bebrayan agung. Kanthi tatacara utawa adat uriping manungsa bisa tumata ayom ayem tentrem, iya tumprap sepepadhane apa dene tumpra Pangeran Kang Maha Kuasa. Wujuding adat iku bisa gegayutan karo bab upacara-upacara kan katindakake kanggo nyukupi kabutuhan uriping titah ing bebrayan agung, apadene upacara kang gegayutan kari lair nganti pungkasaning urip iku umpamane upacara selapanan, supitan, lan mantu. Ing wektu iki arep kerembug bab tata cara mantu kanthi ringkes.
Tembung mantu, menten penganten, sri pangantyan lan sapanunggakane iku kerep keprungu. Nanging apa tegese  kabeh mau padha, apa ana bedane ?
Keperluan utawa duwe gawe mau kasebut mantu, jalaran nikahake (malakramakake, ndhaupake, miwah, njodhokake, ngijababke) anak kuwi mujudake kuwajiban wong tuwa (darmaning asepuh) sing wis suwe diantu-antu, diarep-arep, direrancang, digegadhang, digantha-gantha. Ngono mau yen olehe mantu ora dadaka utawa merga “tabrakan”. Merga wis di rancang setaun utawa setengah tahunan sakdurunge, mula gethakaning dina lan tanggal serta jam pisan wis dieling-eling, satemah diantu-antu tekane. Lha wonge sing duwe gawe iku dadi mantu (wong mantu)
Bocah mudha (jaka lan prawan) sing djodhoake iku ora seneng ngandhan-ngandhani kanthi cablak, kanthi pangandikan utawa langsung dhawuh, nanging akeh piwulang sing diparingake nganggo pralambang utawa semu. Semono uga kanthi upacara mantu lan saubarampene (sajen-sajen, tarub, siraman, uapacara panggih sing werna-werna wujudde, lan sapanunggalane) iku sejatine mengku pralambang (wulang sinandi, pralampita, sasmita, pangandika ora kanthi ngeblak) sing jero falsafahe lan werdine.
Pralambang-pralambang iku bisa awujud barang sing dijupuk pigunane, wuwatakane, othak-athik saka jenenge, Isp.. uga bisa ujud tetembungan utawa patrap sing ngemu surasa sunandi mau. Sing akeh-akeh (amrih gampange olehe negesi) teges utawa makna mau dipirid saka kereta basa (jarwa dhosok) utawa tetembungane, pas mung jereta basa, nanging saka makna kang sumimpen utawa watak lan pedahe barang-barang mau.
Numpuk pari lemek godhong kluwih, amarga godhong kluwih iku jembar tur kandel, wulet, dadi dienggo lemek mikolehi, njalari pari ora kambah lemah utawa jubin dadi ora bosok utawa thukul. Nanging tembung kluwih uga dijupuk werdine, yaiku pari sing dilemeki iku sipaya tansah luwih utawa ngluwihi kabutuhane, utawa rejekine luwih-luwih.
Tarub, sajen, pisang sanggan Isp. Tansah nganggo gedhang raja, werdine iku gedhang pilihan (wujude becik, rasane enak), dadi caos tandha katresnan (kanggo oleh-oleh, pisungsung, sajen Isp) iku aja mung gedhang sak-sake, nanging dipilihake sing becik dhewe. Filosofine manten sing becik-becik yaiku berbudi bawa leksana, asih mring kawula dasih, yen ngendika ora wola-wali nanging sepisan dadi (konsekuen), adil paramarta, jujur, ora mbedak-mbedakake kulawarga apa mung kawula, Isp. Perlu diaturake pakartine raja sing becik-becik, sebab ana sing ala-ala ya ana (kuming-sun, kumawasa, garwane akeh, ora kena disaruwe, murka, ngapusi rakyat Isp)
Upacara liya ingkang kang mengku tegese ngresiki saraduning awak lir batin sadurunge nindakake panggih. Umbarampening siraman migunakake banyu sing dicampur sakwernaning gegodongan lan kembang, dene kang nindaake siraman yaiku sesepuh diwiwiti saka sing sepuh dhewe. Upacara siraman iki dipungkasi kanthi mecah kendhi kang nduweni teges utawa pangajab mecah pamore calon penganten. Sawise siraman diteruske upacara midodareni Ana ing upacara midodareni iki calon manten wis dikerik, dicengkorongi paes sing rada beda ya ing tatacara paes apadene upacara pangihe nanging ing kalodhangan iki sing arep dirembug paes cakrik Ngayogyakarta.
Paes cakrik Ngayogyakarta bisa dibedakake dadi lima yaiku  Yogya Putri, kasatriyan, kasatrian ageng, paes ageng, paes ageng jangan menir kaya kacetha ing gambar. Paes manten iki bisa dibedaake cengkorongan lan busanane. Paes cakrik kasatriyan lan kasatriyan ageng ketok prasaja, cakrik Yogya Putri rada macak, dene cakrik paes ageng mujudake cakrik paes sing sumowo, abyor penganggon lan busanane. Kanggo nemtokake pilihan tumprap cakriking paes manten iki dijumbuhake karo keperluan lan kekuatan. Tegese saupama ing rerangkening upacara manten dirindakake kabeh, bisa nggunakake cakrik Yogya putrid, lan ing wiwahane nggunaake cakrik paes ageng utawa jangan menir, ananging anggone mantu mung dijupuk saperlune, waton cukup, bisa milih paes kasatriyan. Wujud cakriking paes iki sajatine mujudake rasa syukur lan pangajab utawa pandongo tumprap wong tuwane panganten kang kasil nindhakake darmaning ngurip ngentasake putrane tumuju panguripan anyar yaiku mbangun kulawarga sing wis isah saka bapak ibune. Kulawarga anyar iku mau sateruse nduweni tanggungjawab lan kuwajiban e dhewe, ora gumantung meneh marang bapak ibukne, goleh pangan ngecakake panguripan padinan lan liya-liyane.

(Lapetik saking kalawarti Sempulur no.1 Juli 20052 dening Erni Suharmini, lan Tata Rias Pangantin Gaya Yogyakarta dening R. Sri Sipadmi Murtiadji lan R. Suwardaningdjaja, kanthi ewah-ewahan sawatawis).  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar